Awale aku kenal Mbah Kasmo
oleh Sang Jiwanmukto pada 27 Juni 2011 jam 15:57
Awan-awan pas aku leren ndek emper omah, aku di parani wong sing
macak koyo gembel. basan arep tak rogohno duwit...tibane wong kuwi mau ngewehne kertas lecek tur gak utuh...
" niki mas..wonten serat undangan.." jarene wong ngemis iku.
aku mbatin..duh Gusti..surat undangan koyo opo ngene ini. Kertase lecek katik suwek sisan tur mek separo. onok upone mung rong ler sisan. yo wis tak tompo ae. terus tak woco.
unine surat undangan mau ngene : " Mas..di kon melu kondangan nek alun-alun mblitar engko bengi "
biyuuuuuuuuuuuh..eram nemen. undangan gak mutu. kondangan kok adoh nemen. nek mblitar. to wis lah. tak jajal tekani wae. soale ket awal wae wis tak rasakne aneh. bangsane aneh-aneh ngene iki aku rodo penasaran.
jam papat sore aku nyengklak motor tak genjot mlayu 70. menyang alun-alun mblitar.
jam setengah 6 aku ko mblitar. golek warung kopi. ngopi sampek magrib. salat magrib lan ngisak nek mejid agung. bar ngisak aku aku rokokan nek alun-alun.
jane alun-alune yo rame banget..ning ndek sisih tengah sing onok wite rigin kok sepi yo..aku mrono wae..
tenguk2 nek kono karo rokok'an. teko wong 2 sing koyo gembel. dekne mlaku karo nggowo ember.bare ngono teko maneh gembel numpak sapu..ono maneh sing teko numpak wedus..ono maneh gembel numpak bekicot...ono maneh sing tekane karo jungker walik..ono maneh sing numpak mercy tapi kok yo macak gembel...ono maneh rombongan numpak trek karo nggowo tumpeng sak tampah. wis jan pokok'e...isine gembel tok. Partai kaipang. Partene pengemis. wonge reno-reno tapi kok aneh2 tur sakti2.keri dewe onok wong tuo sing mlaku nyeker tapi nyekeli sandal. begitu wong tuo iki teko kabeh salaman ngambung tangan. siji-siji gembel iku mau kabeh di tapuk'i sandal cangkeme. aku mbatin sopo wong tuo iki. kok ura macak gembel dewe.Katik seneng eram napuki cangkeme gembel nganggo sendal.
mari ngono wong tuo iku ngujubno tumpeng sak tampah nganggo boso jowo. Jane aku kate ngaleh, tapi karo wong tuo kuwi mau di celuk.
"..le..mreneo..iki awakmu sing bagian mbagi tumpeng ".
mak jegagig. aku kaget..aseeeem..aku ra kenal kok kon mbagi tumpeng marang gembel2 iki. jumlahe kurang luwih onok 80 gembel. piye leh ku mbagi tumpeng sak tampah iki.
wis moso bodo. angger tak bagi wae .akeh sitik ra urus. aku yo ra kudu mbadog tumpenge. ning kok yo aneh..tumpeng sak tampah kui mau cukup di bagi nang wong 80.bare mangan kabeh bubar dewe-dewe. kari wong tuo kui mau karo aku. la wong tuo kui mau nggremeng ae..
'..duooboooll..wong-wong iki mari mbadog ra gelem isah-isah piring ".
aku kaget terus langsung njawab "..mbah ndi piringe..wong anane mung godong jati karo godong gedang ngono lho "
" la iyo to le..karepku..yen mari mangan, regete mbok di buang..ura di tinggal prung sak karepe dewe ngene iki "..jawabe wong tuo iku mau karo resik resik regetan. mergo gak mentolo resik resik dewe, wong iku mau tak ewangi.
aku takon nang wong tuo iku mau "..mbah jenenge sampyan sopo ? "
" jenengku Kasmo le "jawab e wong tuo iku terus ngluyur ngaleh.
0 komentar:
Posting Komentar
hal yang paling kucari adalah persaudara'an dan pengetahuan.
mohon komen di bawah posting suwun